11 Sakehing gunungingSun bakal Sundadekake dalanlan sakehing lurungingSun bakal Sunrata.
12 Lan ana wong kang padha teka saka ing adoh,saka ing lor lan saka ing kulon,tuwin ana kang saka ing tanah Sinim.”
13 Surak-suraka, he langit,giyak-giyaka, he bumi,lan padha bungah-bungaha kalawan surak-surak, he gunung-gunung!Amarga Pangeran Yehuwah nglipur umatelan asih marang para wong kang dadi kagungane kang padha katindhes.
14 Sion celathu: “Pangeran Yehuwah wus nilar akutuwin Gustiku wus kesupen marang aku.”
15 Apa wong wadon bisa lali marang bayine,nganti ora tresna marang wohing wetengane?Sanadyan iku lali marang anake,nanging Ingsun ora bakal kesupen marang sira.
16 Lah sira wus Sungambar ana ing epek-epeking astaningSun,tembok-tembokira iku tansah ana ing ngarsaningSun.
17 Para wong kang mbangun sira bakal enggal padha teka,dene kang padha mbubrah lan ngrusak sira bakal padha lunga.