20 Bilai para wong kang ngarani piala iku beciklan kabecikan iku ala,kang ngowahi pepeteng dadi pepadhanglan pepadhang dadi pepeteng,kang ngowahi pait dadi legi,lan legi dadi pait.
21 Bilai para wong kang nganggep awake dhewe wicaksana,kang nganggep awake dhewe pinter!
22 Bilai para wong kang dadi jago ngombe inuman keraskang dadi pemenang ing bab nyampur inuman keras;
23 kang mbenerake wong duraka marga dibeselilan kang nyelaki wewenange wong bener.
24 Sabab iku kaya ilat geni kang mangsa dami,lan kaya suket aking kang sirna dening geni,kaya mangkono oyod-oyode bakal dadi bosok,tuwin kuncupe bakal mawut kaya awu,amarga wong-wong mau wus padha nampikpiwulange Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitahsarta memada marang pangandikane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.
25 Mulane bebendune Sang Yehuwah banjur nempuh marang umate,diagagi astane sarta tumuli kapupuh;gunung-gunung bakal geter, mayit-mayite wong-wong maubakal kaya rereged ana ing tengah dalan.Nanging sanadyan iku kabeh wus kelakon, dedukane durung mendhalan astane isih diagagake.
26 Panjenengane bakal nglebet-nglebetake gendera marang bangsa kang adoh,lan bakal singsot nimbali wong-wong iku saka ing tapel-watese bumi;iku sanyata enggal bakal teka kalawan rerikatan!