6 Bakal Sundamel supaya kathukulan ing rerungkudan,ora dipaprasi lan ora dibabadi,satemah kathukulan piskucing lan suket;Ingsun bakal paring dhawuh marang mendhung,supaya aja nurunake udan marang pakebonan iku.
7 Amarga pakebonane anggur Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitahiku turune Israel,lan para wong Yehudaiku tetanduran kang diremeni;kang diajeng-ajeng kaadilan,nanging kang ana mung tindak ambek siya,kang diantos-antos kabenerannanging kang ana mung kaonaran.
8 Bilai wong kang ndhaku omah siji lan sijinesarta kang ngebeki pategalan siji lan sijine,nganti ora ana papan maneh kanggo wong liyatuwin mung kowe dhewe kang manggon ing nagara kono!
9 Kupingku krungu pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah:“Lah bakal akeh omah kang dadi sepi mamring;omah kang gedhe-gedhe lan kang becik-becikbakal ora ana kang ngenggoni.
10 Sabab pakebonan anggur kang ambane padha karo wlukon sapuluh dinapametune anggur mung sa-bat;tuwin winih sa-homerpametune gandum mung sa-efa.”
11 Bilai para wong kang tangi esuklan banjur golek inuman keras,sarta lelinggihan nganti ing wayah bengi,kanthi ngangetake awake kalawan anggur!
12 Clempung lan slukat, trebang lan suling,apadene anggur tinemu ana ing pajagongane wong-wong mau,nanging ora padha nggatekake marang apa kang katindakake Sang Yehuwah,sarta ora mawas marang pakaryane Sang Yehuwah.