8 Bilai wong kang ndhaku omah siji lan sijinesarta kang ngebeki pategalan siji lan sijine,nganti ora ana papan maneh kanggo wong liyatuwin mung kowe dhewe kang manggon ing nagara kono!
9 Kupingku krungu pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah:“Lah bakal akeh omah kang dadi sepi mamring;omah kang gedhe-gedhe lan kang becik-becikbakal ora ana kang ngenggoni.
10 Sabab pakebonan anggur kang ambane padha karo wlukon sapuluh dinapametune anggur mung sa-bat;tuwin winih sa-homerpametune gandum mung sa-efa.”
11 Bilai para wong kang tangi esuklan banjur golek inuman keras,sarta lelinggihan nganti ing wayah bengi,kanthi ngangetake awake kalawan anggur!
12 Clempung lan slukat, trebang lan suling,apadene anggur tinemu ana ing pajagongane wong-wong mau,nanging ora padha nggatekake marang apa kang katindakake Sang Yehuwah,sarta ora mawas marang pakaryane Sang Yehuwah.
13 Mulane umatingSun bakal kagawa marang ing pambuwanganawit ora ngreti apa-apa;wong kang mulya bakal padha mati kaliren,tuwin wong akeh bakal padha kasatan.
14 Awit saka iku jagading wong mati bakal ngangapake gorokane amba bangetlan bakal ngangapake cangkeme tanpa wangenan,satemah sakehe kamulyan lan karameane Yerusalem,sakehe swara gumerah tuwin para wog kang suka-suka ana ing kutha kono bakal padha sirna ambles.