17 Tangia, tangia,ngadega, he Yerusalem,he kowe kang wus ngombe saka ing astane Sang Yehuwahisining tuwung mulad-mulading bebendhune,kowe kang wus ngombe nganti entekisining cangkir kang mendemi!
18 Sakehing anak kang dilairakeora ana kang nuntun dhewekelan sakehing anak-anake kang digedhekakeora ana knag nganthi tangane.
19 Rong prakara iki wus tumempuh marang kowe --sapa kang bela sungkawa marang kowe?Karusakan lan kagempuran, keluwen lan pedhang --sapa kang bakal nglipur kowe?
20 Anak-anakmu wus padha pating gluntung tanpa dayaana ing sakehing pepojoking dalan kaya sapi alasan kang klebu ing jaring;padha katempuh ing panasing bebendune Pangeran Yehuwahlan dedukaning Allahmu.
21 Awit saka iku rungokna iki, he kowe kang katindhes,he kowe kang mendem, nanging ora marga saka anggur!
22 Mangkene pangandikane Gustimu,Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmukang ngembani prakarane umate:“Lah Ingsun mundhut saka ing tanganiratuwung dalah isine kang mendemi,lan isining cangkir panasing bebenduningSunora bakal sira ombe maneh,
23 nanging iku bakal Sunparingake marang wong kang nindhes sira,wong kang maune celathu marang sira:Tumungkula, supaya aku padha bisa liwat kalawanngidak-idak awakmu!Sira banjur mengkureb warata karo lemahlan dadi dalan tumrap wong kang liwat ing dhuwure.”