Yesaya 51:5-11 JAV

5 Ing sajroning sakedhep netra karahayon kang saka Ingsun bakal cedhak,pangluwaran peparingingSun bakal teka,sarta Ingsun bakal ngereh para bangsa kalawan astaningSun kang kwaos;pulo-pulo bakal nganti-anti marang Ingsun,padha ngarep-arep marang pakaryaning astaningSun.

6 Mripatira arahna marang ing langitlan mandenga marang bumi kang ana ngisor;amarga langit sirna kayadene kukus,bumi dadi ala kaya sandhangan kang wus lawastuwin kang manggon bakal padha mati kaya lemud;nanging pangluwaran peparingingSun bakal lestari ing salawas-lawase,sarta karahayon kang saka Ingsun ora bakal ana pungkasane.

7 Padha ngrungokna Ingsun,he sira kang padha sumurup marang ing kabeneran,he bangsa kang nyimpen piwulangSun ana ing sajroning atinira!Aja padha wedi manawa padha kawewada dening manungsalan aja padha kaget manawa kaala-ala.

8 Amarga iku bakal padha kapangan ing renget kaya anggone mangan sandhangantuwin bakal padha kamangsa ing singgat kaya anggone mangsa lawon wulu wedhus gembel,nanging karahayon kang saka Ingsun bakal lestari ing salawas-lawasesarta pangluwaran peparingingSun bakal tetep turun-tumurun.

9 Kawula aturi wungu, kawula aturi wungu! Kawula aturi ngagem kakiyatan,dhuh astanipun Pangeran Yehuwah!Mugi karsaa wungu kados ing jaman kina,ing jamanipun para leluhur kala rumiyin!Punapa sanes Paduka ingkang ngremuk Rahab,ingkang nyuduk naga ngantos pejah?

10 Punapa sanes Paduka ingkang ngasataken seganten,toyaning samodra ageng ingkang ngedab-edabi?ingkang ndadosaken margi seganten ingkang lebet,supados para tiyang ingkang kaluwaran sami saged nyabrang?

11 Para tiyang ingkang sami kaluwaran dening Sang Yehuwah sami badhe saged mantuktuwin lumebet ing Sion kanthi asurak-surak,kalayan linimputan ing sukarena ingkang langgeng;kebak kabingahan lan kagirangan,tinebihan ing kasisahan saha pangresah.