1 Tangia, tangia!Anggonen kakuwatanmu kayadene sandhangan, he Sion!Anggonen sandhanganmu kang endah,he Yerusalem, kutha kang suci!Amarga ora ana wong kang ora tetak utawakang najis,kang bakal lumebu maneh ing jeromu.
2 Ketabna lebuning sikilmu, tangia,he Yerusalem kang katawan!Uculana tali-tali kang ana ing gulumu,he putri Sion kang katawan!
3 Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha kaedol tanpa bayaran, mulane bakal katebus tanpa bayaran uga.
4 Awit mangkene pangandikane Pangeran Allah: Biyen umatingSun mangkat menyang ing tanah Mesir lan dadi wong neneka manggon ana ing kono, wasana banjur dianiaya dening Asyur tanpa sabab.
5 Nanging saiki apa maneh urusaningSun ana ing kene?, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. UmatingSun nuli katawan mangkono bae. Para kang ngwasani padha gedhe atine, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, tuwin asmaningSun sadina-dina tansah diala-ala.
6 Awit saka iku umatingSun bakal wanuh marang asmaningSun sarta ing nalika iku tumuli bakal padha ngreti, manawa Ingsun iki Panjenengane kang ngandika, iya Ingsun!