5 Nanging saiki apa maneh urusaningSun ana ing kene?, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. UmatingSun nuli katawan mangkono bae. Para kang ngwasani padha gedhe atine, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, tuwin asmaningSun sadina-dina tansah diala-ala.
6 Awit saka iku umatingSun bakal wanuh marang asmaningSun sarta ing nalika iku tumuli bakal padha ngreti, manawa Ingsun iki Panjenengane kang ngandika, iya Ingsun!
7 Iba anggone ngresepake katonesaka ing pucake tengger-tenggertekane kang nggawa pawarta,kang martakake kabar katentremankang ngundhangake pawarta kang becik,kang nggawa kabar karahayonlan kang celathu marang Sion:“Allahmu iku ratu!”
8 Rungokna swarane wong kang padha ngawat-awati kowe:padha surak-surak bebarengan.Amarga padha nyumurupi dhewemanawa Sang Yehuwah kondur menyang ing Sion.
9 Padha giyak-giyaka, padha surak-surak bebarengan,he gapuraning Yerusalem!Awit Pangeran Yehuwah wus nglipur umate,wus nebus Yerusalem.
10 Pangeran Yehuwah wus ngatingalake astane kang suciana ing ngarepe mripate sakehing bangsa;poncot-poncoting bumi kabeh banjur sumurup karahayonkang pinangkane saka ing Allah kita.
11 Ngedoha, ngedoha!Metua saka ing kono!Kowe aja nganti kagepok kang najis!Padha metua saka ing satengahe, padha sesucia,he para wong kang padha ngusungi prabote Padalemaning Yehuwah!