Yesaya 53:3-9 JAV

3 Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong,sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaransarta kulina nandhang gerah;banget anggone karemehake,nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsanetuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu etungan.

4 Mangka sanyatane lelara kita kang disanggilan kasangsaran kita kang dirembat,ewasamono kita padha ngira Panjenengae iku kena ing ipat-ipat,kagebag tuwin katindhes dening Gusti Allah.

5 Mangka Panjenengane iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela,Panjenengane karemuk marga saka piala kita;ganjaran paukuman kang nekakake karahayon tumrap kita iku kadhawahake ing Panjenengane,sarta marga saka bilur-bilure kita banjur padha dadi waras.

6 Kita padha nglambrang kayya wedhus,dhewe-dhewe kang kita ener,ewadene Pangeran Yehuwah nempahake sakehing duraka kita marang Panjenengane.

7 Panjenengane kinaniaya,nanging kendel bae sajrone katindhes ikulan ora mbikak tutukekaya cempe kang katuntun menyang ing pasembelehan;kaya wedhus kang ora nywara ana ing ngarepepara wong kang padha ngguntingi wulune,kaya mangkono anggone ora mbikak tutuke.

8 Sawuse katahan lan kaukum Panjenengane nuli kaluwaran,lan sapa kang mikir marang nasibe?Panjenengane sanyata wus kapethalsaka ing nagarane para wong urip,tuwin marga saka pambalelaning umatingSunPanjenengane kena ing ipat-ipat.

9 Pasareane kapapanake ing satengahe para wong duraka,lan anggone seda ana ing satengahe para durjana,sanadyan Panjenengane ora nindakake kekerasantuwin tutuke ora kadunungan cidra.