Yesaya 53:4-10 JAV

4 Mangka sanyatane lelara kita kang disanggilan kasangsaran kita kang dirembat,ewasamono kita padha ngira Panjenengae iku kena ing ipat-ipat,kagebag tuwin katindhes dening Gusti Allah.

5 Mangka Panjenengane iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela,Panjenengane karemuk marga saka piala kita;ganjaran paukuman kang nekakake karahayon tumrap kita iku kadhawahake ing Panjenengane,sarta marga saka bilur-bilure kita banjur padha dadi waras.

6 Kita padha nglambrang kayya wedhus,dhewe-dhewe kang kita ener,ewadene Pangeran Yehuwah nempahake sakehing duraka kita marang Panjenengane.

7 Panjenengane kinaniaya,nanging kendel bae sajrone katindhes ikulan ora mbikak tutukekaya cempe kang katuntun menyang ing pasembelehan;kaya wedhus kang ora nywara ana ing ngarepepara wong kang padha ngguntingi wulune,kaya mangkono anggone ora mbikak tutuke.

8 Sawuse katahan lan kaukum Panjenengane nuli kaluwaran,lan sapa kang mikir marang nasibe?Panjenengane sanyata wus kapethalsaka ing nagarane para wong urip,tuwin marga saka pambalelaning umatingSunPanjenengane kena ing ipat-ipat.

9 Pasareane kapapanake ing satengahe para wong duraka,lan anggone seda ana ing satengahe para durjana,sanadyan Panjenengane ora nindakake kekerasantuwin tutuke ora kadunungan cidra.

10 Nanging Pangeran Yehuwah karsa ngremuk tuwin damel gerahe Panjenengane.Samangsa Panjenengane wus masrahake sarirane minangka kurban panebusing dosa,bakal mirsani tedhak turune,yuswane bakal panjang,sarta karsaning Yehuwah bakal tumindaksarana astane.