2 Ambakna papanig tarubira,jerengen tendhaning papan padununganira,sira aja ngeman papan;tali-talining tarubira dawananasarta pathok-pathokira kapasanga kang kukuh!
3 Amarga sira bakal tangkar-tumangkar ngiwa nengen,turunira bakal padha ndarbeni papaning para bangsa,tuwin bakal padha ngenggoni kutha-kutha kang sepi.
4 Sira aja wedi, awit ora bakal kawirangan,lan aja rumangsa isin,sabab sira ora bakal nandhang wirang.Amarga sira bakal lali marang kawiranganing nom-nomanira,tuwin ora bakal eling maneh marang nisthane anggonira dadi randha.
5 Amarga kang dadi somahira iku Panjenengane kang nitahake sira,kang asma pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah;kang jumeneng Panebusira yaiku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel,kang sinebut Gusti Allahe salumahing bumi.
6 Awit kayadene wong wadon kang ditinggal lan kang susah atineanggonira katimbalan maneh dening Sang Yehuwah;garwa jaka-lara rak ora bakal tetep katampik?Mangkono pangandikane Gusti Allahira.
7 Mung sadhela anggoningSun nilar sira,nanging marga saka sih-piwelasingSun kang linuwih sira Sunpundhut maneh.
8 Ing sajroning dukaningSun kang bangetIngsun wus ngaling-alingi wedananingSun marang sira sadhela,nanging marga saka sih-susetyaningSun kang langgengIngsun wus ngatingalake sih-piwelasingSun marang sira,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebusira.