10 Marga saka anggonira lumaku adoh iku sira banjur wus kesel lan lesu,nanging sira ora muni: “Ora ana pangarep-arep!”Sira oleh kakuwatan maneh,mulane sira ora dadi sayah.
11 Sapa ta kang marakake sira giris lan wedi,dene sira nganti cidralan ora eling marang Ingsunutawa banjur ora mreduli marang Ingsun?Apa ora marga saka anggoningSun kendel baelan ngeremake paningalingSun,sira nuli ora wedi marang Ingsun!
12 Ingsun arsa mratelakake kamursidaniralan sakehing panggawenira,nanging iku kabeh tumrap sira ora ana gunane:
13 samangsa sira sesambat,para brahalanira kareben ngluwari sira!Iku bakal padha kabur ing angin,sarta padha kasirnakake dening sumentoring abab.Nanging wong kang ngayom marang Ingsun bakal tampa warisan bumilan bakal ndarbeni gunungingSun kang suci.
14 Ana kang ngandika:“Bukaken, bukaken, nyawisna dalan,singkirna watu sandhungan kang ana ing dalaning umatingSun!”
15 Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya,kang lenggah ing dhampar ing salawaselan kang asma Kang Mahasuci:“Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan sucinanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor,prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asorsarta nguripake atine para wong kang rempu.
16 Amarga Ingsun ora bakal padudon ing salawase,lan ora bakal terus duka,supaya semangate wong aja nganti lemes lesu ana ing ngarsaningSun,mangka iya Ingsun kang nitahake napasing urip.