15 Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya,kang lenggah ing dhampar ing salawaselan kang asma Kang Mahasuci:“Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan sucinanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor,prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asorsarta nguripake atine para wong kang rempu.
16 Amarga Ingsun ora bakal padudon ing salawase,lan ora bakal terus duka,supaya semangate wong aja nganti lemes lesu ana ing ngarsaningSun,mangka iya Ingsun kang nitahake napasing urip.
17 Ingsun duka marga saka durakaning srakahe,banjur Sunrangket, Ingsun nyingidake pasuryaningSun lan duka,nanging dheweke banjur murtad,lumaku ing dalan kang dadi pilihaning atine.
18 Ingsun wus nguningani sakehe dalane iku,ewasamono bakal Sunmarekake lan bakal Suntuntuntuwin bakal Sunpulih-pulihake atine kalawan panglipur;uga ana ing lambene wong-wonge kang padha prihatin
19 Ingsun bakal karya pepujian.Tentrem, tentrem rahayu marangwong kang adoh lan kang cedhak-- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah --sarta kang bakal Sunwarasake!
20 Nanging para wong duraka iku kaya sagara kang ngombak-ombakamarga ora bisa lestari tentrem,sarta iline ngumbulake rereged lan endhut.
21 Wong duraka iku ora kadunungan katentreman,”mangkono pangandikane Gusti Allahku.