2 nanging banjur lumebu ing papaning katentreman;wong kang urip kalawan ati kang lurusbakal oleh palereman ana ing paturone.
3 Nanging sira kabeh iku padha nyedhaka mrene,he para anake wong wadon juru tenung,he turune wong kang laku jinalan wong wadon tunasusila!
4 Sira padha nganggo gegojegan sapa,sapa kang padha sira celathoni kalawan tetembungan kang ora-oralan kang sira erang-erang iku?Apa sira kabeh iku dudu anaking wong mbalela,turuning wong cidra?,
5 he para wong kang padha kaobong dening hawa-nepsune ana ing sacedhake wit-wit kang kramat,ana ing sangisoring saben wit kang nggrembel,he para wong kang nyembeleh bocah ana ing lebak-lebak,ing sela-selaning tengger parang.
6 Sira mung kadunungan watu-watu kang klimis kang saka ing kali,lan iya mung iku kang katemtokake tumrap sira;iku uga padha sira wenehi kurban unjuk-unjukan,lan sira ladeni kurban dhaharan.Apa Ingsun bakal nyabari kang mangkono iku?
7 Sira mrenahake paturoniraana ing gunung kang dhuwur lan munggultuwin sira uga banjur munggah ing gunung konoprelu ngladekake kurban sembelehan.
8 Sira ndekek lambanging brahalaniraana ing dhempeling lawang lumebu ing omahira,malah sira wus ninggal Ingsunlan cucul sandhangan babar pisan,sira wus ngunggahi tuwin ngambakake paturonira;sira wus nganakake prajanjian karo wong sawatara kang sira karepakesira ajak sapaturonsarta sira ngawasake palanangane.