1 Nguwuh-uwuha kang sora, aja ngampet swara!Ngulukna swaranira kayadene kalasangka,wartakna marang umatingSun panerakelan marang para turune Yakub dosane!
2 Pancen saben dina padha ngupaya Ingsunlan seneng sumurup sakehing marginingSun.Kayadene bangsa kang nglakoni kang benertuwin kang ora ninggal angger-anggering Allahepadha munjuk pitakon marang Ingsun bab angger-angger kang bener,padha seneng nyedhak sowan ing ngarsaning Allah,sarta munjuk pitakon:
3 “Punapa sababipun dene kawula sami siyamPaduka kok ugi boten nggatosaken?Punapa sababipun dene kawula sami ngesoraken badanPaduka kok boten karsa nguningani?”Ing nalikane sira pasa nyatane sira isih tetep ngurus urusanira,tuwin sira padha ngerasi sakehing buruhira.
4 Sanyatane anggonira padha pasa iku kalawan padu lan regejegansarta kalawan ngantemi tanpa reringa.Manawa anggonira pasa kaya saiki ikiswaranira bakal ora kapirengake saka ing ngaluhur.
5 Lah apa pasa kang kaya mangkene iki kang Sunkarsakake,tuwin nganakake dina kanggo ngesorake badan,manawa sira ndhingkluk kaya glagahlan njereng bagor sarta awu sira anggo lemek turu?Apa iku kang sira arani pasa,nganakake dina kang dadi keparenge Pangeran Yehuwah?