11 Pangeran Yehuwah bakal tansah nuntun siralan bakal damel mareming atiniraana ing tanah kang garingsarta bakal nganyarake kakuwatanira;sira bakal kaya patamanan kang kasiraman kalawan beciktuwin kaya sumberkang ora tau gawe gela.
12 Sira bakal mbangun gempuran kang wus atusan taun,lan bakal ndandani tetales kang wus kapasang pirang-pirang turunan.Sira bakal kasebut “kang ndandani tembok kang jebol”,“kang ndandani dalan supaya panggonan kono kena dienggoni”.
13 Manawa sira ora nyawiyah pranataning Sabatlan ora nindakake pagaweanira ing dinaningSun kang suci;manawa sira ngarani dina Sabat “dina kanikmatan”,lan dinaning Pangeran Yehuwahkang suci “dina kang mulya”;manawa sira ngajeni dina iku sarana ora nindakake sakehing pagaweanirasarta ora ngurus urusanira utawa ora omong-omong kang tanpa guna,
14 sira bakal seneng-seneng marga saka Pangeran Yehuwah,tuwin Ingsun bakal damel sira bisa ngliwati pucak-pucaking tengger-tengger ing bumikalawan tetungganganing kaunggulan;sira bakal Sunparingi pangan saka warisane leluhurira Yakub,sabab mangkono pangandikane lesaning Yehuwah.