Yesaya 58:4-10 JAV

4 Sanyatane anggonira padha pasa iku kalawan padu lan regejegansarta kalawan ngantemi tanpa reringa.Manawa anggonira pasa kaya saiki ikiswaranira bakal ora kapirengake saka ing ngaluhur.

5 Lah apa pasa kang kaya mangkene iki kang Sunkarsakake,tuwin nganakake dina kanggo ngesorake badan,manawa sira ndhingkluk kaya glagahlan njereng bagor sarta awu sira anggo lemek turu?Apa iku kang sira arani pasa,nganakake dina kang dadi keparenge Pangeran Yehuwah?

6 Dudu! Pasa kang Sunkarsakake iku,yaiku manawa sira nguculi blengguning ambek siya,lan ngudhari tali-talining pasangan,manawa sira ngluwari wong kang kinaniayatuwin mutungi sakehing pasangan,

7 manawa sira nyuwil-nyuwil rotinira kanggo wong keluwensarta ngajak menyang ing omahira wong kang tuna wisma,lan manawa sira sumurup wong kang kawudan, banjur sira wenehi panganggontuwin ora nyingkiri sadulurira dhewe!

8 Manawa mangkono pepadhangira bakal mlethek kaya bangbang wetantuwin tatunira bakal enggal waras;kabeneran bakal dadi baris ana ing ngarepiralan kamulyaning Yehuwah dadi baris ana ing burinira.

9 Ing kono manawa sira munjuk,Pangeran Yehuwah bakal paring wangsulansamangsa sira sesambat nyuwun tulung,Panjenengane bakal ngandika:Lah iki Ingsun ana ing kene!Manawa sira ora ngetrapake pasangan maneh marang pepadhanirasarta ora nuding-nuding marang wong kalawan driji lan mitenah,

10 manawa sira menehi wong keluwen apa kang sira dhewe areplan gawe lejaring atine wong kang katindhes,pepadhangira bakal sumorot ana ing pepetengsarta pepetengira bakal kaya wayah tengange.