1 Astaning Yehuwah iku sanyata ora cupet kagem paring karahayon,lan pamirenge ora kurang landhep kagem miyarsakake;
2 nanging kang dadi sesinggetan ing antarane kowe lan Gusti Allahmuiku sakehing pialamu,tuwin kang njalari Panjenengane asingidan ana ing ngarepmu,satemah banjur ora mireng,iku sakehing dosamu.
3 Sabab tanganmu iku najis marga kuthah getihsarta drijimu marga saka piala;cangkemmu ngucapake cidra,ilatmu ngandhakake kaculikan.
4 Ora ana kang nggugat kanthi alasan kang bener,lan ora ana kang ngadili kanthi alasan kang kuwat;kang diandelake barang kang tanpa gunalan goroh kang diucapake,kang dikandhut kasangsarandene kang dilairake tindak ambek siya.