4 Ora ana kang nggugat kanthi alasan kang bener,lan ora ana kang ngadili kanthi alasan kang kuwat;kang diandelake barang kang tanpa gunalan goroh kang diucapake,kang dikandhut kasangsarandene kang dilairake tindak ambek siya.
5 Wong padha netesake endhog ula bedhudhak,tuwin nenun jaring kemangga;sing sapa mangan endhog mau mesthi bakal mati,sarta manawa endhog mau dipijet nganti pecah,banjur metu ulane bedhudhak.
6 Jaring kang ditenun mau ora kena dianggo sandhangan,lan gegaweane ora kena dianggo kemul;panggawene iku panggawe kang ambek siya,sarta kang ditindakake dening tangane iku mung awujud kekerasan.
7 Enggal-enggal anggone nglakoni piala,lan enggal-enggal arep ngilekake getihe wong kang ora luput;rancangane iku pangrantaming ambek siya,tuwin menyang ngendi bae paranemesthi ninggal karusakan lan gempuran.
8 Padha ora sumurup marang dalaning karukunan,tuwin ing sajroning tindak-tanduke ora ana kaadilan;padha milih dalan-dalan kang menggok,lan saben wong kang lumaku ing kono ora wanuh marang katentreman.
9 Marga saka iku kaadilan tetep adoh saka kitatuwin kabeneran ora nekani kita,kita padha ngarep-arep pepadhang,nanging kang ana mung pepeteng,padha ngarep-arep cahya,nanging kita padha lumaku ana ing pepeteng.
10 Kita padha gagap-gagap ing tembok kaya wong wuta,tuwin grayah-grayah kaya-kaya ora duwe mripat;kita padha kesandhung ing wayah tengange,kaya-kaya ing wayah repet-repetpadha lungguh ing papan peteng kaya wong mati.