6 Jaring kang ditenun mau ora kena dianggo sandhangan,lan gegaweane ora kena dianggo kemul;panggawene iku panggawe kang ambek siya,sarta kang ditindakake dening tangane iku mung awujud kekerasan.
7 Enggal-enggal anggone nglakoni piala,lan enggal-enggal arep ngilekake getihe wong kang ora luput;rancangane iku pangrantaming ambek siya,tuwin menyang ngendi bae paranemesthi ninggal karusakan lan gempuran.
8 Padha ora sumurup marang dalaning karukunan,tuwin ing sajroning tindak-tanduke ora ana kaadilan;padha milih dalan-dalan kang menggok,lan saben wong kang lumaku ing kono ora wanuh marang katentreman.
9 Marga saka iku kaadilan tetep adoh saka kitatuwin kabeneran ora nekani kita,kita padha ngarep-arep pepadhang,nanging kang ana mung pepeteng,padha ngarep-arep cahya,nanging kita padha lumaku ana ing pepeteng.
10 Kita padha gagap-gagap ing tembok kaya wong wuta,tuwin grayah-grayah kaya-kaya ora duwe mripat;kita padha kesandhung ing wayah tengange,kaya-kaya ing wayah repet-repetpadha lungguh ing papan peteng kaya wong mati.
11 Kita kabeh padha gereng-gereng kaya bruwang,swara kita lereg-lereg kaya manuk dara;kita ngarep-arep marang kaadilan,nanging ora ana,nganti-anti marang kaslametan,nanging iku tetep adoh saka kita.
12 Dosa kawula sadaya punika saestu kathah wonten ing ngarsa Padukatuwin dosa kawula punika dados seksi ingkang nglawan dhateng kawula;kawula sadaya saestu sami ngrumaosi anggen kawula sami mbalelasaha sami nyumerepi ing piawon kawula;