1 Ing sajroning taun sedane Sang Prabu Uzia aku sumurup Pangeran lenggah ing dhampar kang dhuwur lan munggul, tuwin poncoting jubahe ngebeki Padaleman Suci.
2 Para Serafim padha ngadeg ngubengi Panjenengane, siji-sijine padha aswiwi nenem; swiwine loro kanggo nutupi raine, loro kanggo nutupi sikile lan loro kanggo mabur.
3 Iku padha nguwuh sasauran, tembunge:“Suci, suci, suci Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah,saindenging bumi kebak ing kamulyane!”
4 Dhasaring dhempele lawang padha gonjing marga saka swara panguwuh iku, tuwin padaleman mau banjur kebekan ing kukus.
5 Aku nuli ngucap:“Bilai aku! Aku tiwas!Amarga aku iki wong kang alambe najis,sarta manggon ing satengahing bangsakang najis lambene,nanging mripatku wus ndelengl Sang Prabu,yaiku Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah.”
6 Nanging para Serafim mau ana siji kang banjur mabur marani aku; tangane nyekel mawa, kang kajupuk nganggo sapit saka ing sahuwure misbyah.