3 Iku padha nguwuh sasauran, tembunge:“Suci, suci, suci Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah,saindenging bumi kebak ing kamulyane!”
4 Dhasaring dhempele lawang padha gonjing marga saka swara panguwuh iku, tuwin padaleman mau banjur kebekan ing kukus.
5 Aku nuli ngucap:“Bilai aku! Aku tiwas!Amarga aku iki wong kang alambe najis,sarta manggon ing satengahing bangsakang najis lambene,nanging mripatku wus ndelengl Sang Prabu,yaiku Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah.”
6 Nanging para Serafim mau ana siji kang banjur mabur marani aku; tangane nyekel mawa, kang kajupuk nganggo sapit saka ing sahuwure misbyah.
7 Mawa iku kasenggolake ing cangkemku kalawan pratela mangkene:“Delengen, lah iki wus nggepok lambemu,dadine kaluputanmu wus sirnalan dosamu wus kaapura.”
8 Aku nuli krungu swaraning Pangeran kang ngandika:“Sapa kang bakal Sunutus,lan sapa kang gelem mangkat minangka utusaningSun?”Aku banjur munjuk: “Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula!”
9 Sawuse mangkono Panjenengane ngandika:“Sira mangkata lan bangsa iki warahana mangkene:Rungokna kang temenan, nanging aja mangreti!Delengen kang temenan, nanging aja nyumurupi!