Yesaya 61:2-8 JAV

2 ngundhangake taun sih-rahmating Sang Yehuwahlan dina tumibane piwalesing Allah kita,nglipur sakehing wong kang nandhang susah,

3 ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu,lenga-pesta minangka liruning bagor,kidung pangalembana minangkagegentining jiwa kang nglentrih,supaya wong-wong mau padha kaaranan “wit elah ing bab kabeneran”,“tanemaning Pangeran Yehuwah”kanggo ngatonake kaluhurane.

4 Wong-wong mau bakal padha mbangun gempuran kang wus atusan taun anane,sarta ngedegake maneh panggonan-panggonan kang wus dadi sepi wiwit biyen;bakal padha mbangun kutha-kuthakang wus dadi gempuran,panggonan-panggonan kang wus turun-tumurun sepi.

5 Para wong ngamanca bakal padha mbiyantu sira kabeh dadi pangoning wedhus-wedhusira,sarta wong-wong bangsa liyan bakal padha dadi petaniniralan tukang kebon ana ing pakebonanira anggur.

6 Nanging sira bakal padha kaaranan imaming Sang Yehuwahlan bakal kasebut abdining Allah kita.Sira bakal padha ngrasakake nikmating kasugihane para bangsatuwin bakal padha rumangsa mbedhedheg marga saka kehing kasugihane wong-wong mau.

7 Minangka lirune anggonira padha kawirangan tikel ping pindho,lan minangka gegentine anggonira kacacad lan kaidonan,sira bakal padha tampa warisan tikel loro ana ing nagaraniratuwin bakal ngrasakake kabungahan kang langgeng.

8 Sabab Ingsun, Yehuwah, remen marang kaadilanlan sengit marang tindak ngrayah lan kaculikan;Ingsun bakal maringi pituwas marang sira kang trep,sarta bakal nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira kabeh.