7 Minangka lirune anggonira padha kawirangan tikel ping pindho,lan minangka gegentine anggonira kacacad lan kaidonan,sira bakal padha tampa warisan tikel loro ana ing nagaraniratuwin bakal ngrasakake kabungahan kang langgeng.
8 Sabab Ingsun, Yehuwah, remen marang kaadilanlan sengit marang tindak ngrayah lan kaculikan;Ingsun bakal maringi pituwas marang sira kang trep,sarta bakal nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira kabeh.
9 Turunira bakal misuwur ana ing satengahe para bangsa,samono uga anak-putunira ana ing antarane para suku bangsa,satemah sakehing wong kang ndeleng bakal padha ngakoni,manawa iku turun kang padha kaberkahan dening Pangeran Yehuwah.
10 Ingsun asukarena ana ing Pangeran Yehuwah,nyawaningSun asurak-surak ana ing AllahingSun,awit Ingsun ingageman busananing karahayonsarta diagemi jubahing kabeneran,kayadene penganten lanang kang nganggo rerenggan sirahtuwin kaya penganten wadon kang nganggo pepasrene.
11 Sabab kayadene bumi anggone metokake tetuwuhan,lan kaya kebon kang nukulake winih kang kasebar,iya mangkono iku anggone Pangeran Allah bakal nuwuhake kabeneranlan pepujian ana ing ngarepe sakehing bangsa.