16 Paduka punika rak Rama kawula sadaya?Rama Abraham saestu boten uninga punapa-punapa ing bab kawula sadaya,saha Rama Israel boten tepang kaliyan kawula sadaya.Dhuh Yehuwah, Paduka piyambak punika Rama kawula sadaya;asma Paduka punika “Panebus kawula” wiwit ing jaman kina.
17 Dhuh Yehuwah, punapa sababipun dene Paduka ngetogaken anggen kawula sami kesasar nyimpang saking ing margi Paduka,tuwin punapa sababipun dene Paduka mangkotaken manah kawula,satemah lajeng boten sami ajrih dhumateng Paduka?Paduka mugi karsaa wangsul margi saking para abdi Paduka,margi saking taler-talering bangsa kagungan Paduka!
18 Punapa sababipun dene tiyang-tiyang dosa sami ngremehaken padaleman Paduka ingkang suci,mengsah kawula sami ngidak-idak pasucen Paduka?
19 Kawontenan kawula punika kados-kados saking ing jaman kinakawula sami dereng nate wonten ing sangandhaping paprentahan Paduka,kados-kados asma Paduka dereng nate kasebutakentumrap kawula sadaya.