2 “Punapa sababipun, dene pangageman Paduka abritipun kados makaten,saha agemipun rasukan kok ngnatos kados rasukanipun tiyang ingkang mipit anggur?”
3 “Ingsun mung piyambakan bae anggoningSun mipit,lan panunggalane umatingSun ora ana kang ngrewangi Ingsun!Ingsun wus mipit para bangsa ing sajroning bebenduningSun,wus padha Sunidak-idak ing sajroning mulad-mulading dukaningSun,getihe muncrat-muncrat marang ing rasukaningSun,sarta pangagemaningSun kabeh wus gluprut getih.
4 Amarga dinaning piwales wus Sunrancanglan wus tumeka ing taun anggoningSun pepulih.
5 Ingsun mirsani ngiwa-nengen: ora ana kang tetulung;Ingsun ngungun: kok ora ana kang mbiyantu.AstaningSun kang banjur mitulungi Ingsun,lan mulad-mulading bebenduningSun,iku kang mbiyantu Ingsun.
6 Ing sajroning dukaningSun iku bangsa-bangsa padha Sunidak-idak,padha Sunremuk ing sajroning mulad-mulading bebenduningSun,getihe Sundamel blabaran ana ing bumi.”
7 Kawula badhe mratelakaken sih-susetyanipun Pangeran Yehuwah,pakaryaning Sang Yehuwah ingkang misuwut,laras kaliyan sadaya ingkang katandukaken dening Pangeran Yehuwah dhumateng kita,tuwin kamirahanipun ingkang ageng dhumateng Banisraelingkang tumandukipun laras kaliyan sih-piwelasipuntuwin cundhuk kaliyan sih-susetyanipun ingkang ageng.
8 Panjenenganipun rak sampun ngandika:“Iku sanyata umatingSun,putra-putra kang ora bakal tumindak culika,”mila Panjenenganipun dados Pamartanipun