9 ing salebeting karupekanipun sadaya.Sanes duta utawi utusan,nanging Panjenenganipun piyambak ingkang ngluwari;Panjenenganipun ingkang nebusmargi saking tresna tuwin welasipun.Ing jaman kina sami dipun junjungsaha dipun gendhong.
10 Ewadene lajeng sami mbalelasarta damel sungkawaning Rohipun ingkang suci;mila Panjenenganipun lajeng santun dados mengsahipun,saha nglawan perang piyambak dhateng umatipun.
11 Nunten sami kengetan dhateng jaman kina,jamanipun Nabi Musa, abdinipun punika:Wonten ing pundi ta Panjenenganipun ingkang ngentas saking segantensesarengan kaliyan pangening menda-mendanipun?Wonten ing pundi ta Panjenenganipun ingkangngesokaken Rohipun ingkang suci wonten ing manahipun;
12 ingkang kalayan astanipun ingkang luhurnganthi Nabi Musa wonten ing tengenipun;ingkang mbelah toya wonten ing ngajenging umatipunsupados langgengnga asmanipun;
13 ingkang nuntun umatipun nglangkungi samodra agungkadosdene kapal nglangkungi ara-ara samun?Tiyang-tiyang wau boten nate kesandhung,
14 kadosdene raja-kaya ingkang tumurun ing lebak.Rohipun Sang Yehuwah nuntun dhateng ing palereman.Inggih makaten punika anggen Paduka nuntun umat Paduka supados asma Paduka kaluhuraken.
15 Paduka mugi karsaa mirsani saking swargasaha karsaa nguningani saking padaleman Paduka ingkang suci saha agung!Wonten ing pundi ta bentering panggalih Paduka saha kasantosan Paduka,panggalih Paduka ingkang trenyuh tuwin sih-piwelas Paduka?Paduka mugi sampun ngantos ngampah panggalih Paduka piyambak!