3 amargi Paduka nindakaken bab ingkang nggegirisi ingkang boten sami kawula ajeng-ajeng,ingkang ing wiwit jaman kina dereng nate kapireng ing tiyang!
4 Boten wonten kuping ingkang mireng,saha boten wonten mripat ingkang sumerepAllah ingkang nindakaken punapa-punapa kangge tiyang ingkang ngantos-antos dhateng piyambakipunnamung Paduka ingkang tumindak makaten.
5 Paduka methukaken para tiyang ingkang sami nglampahi punapa ingkang leressaha sami enget dhateng margi ingkang Paduka tedahaken!Paduka saestu duka punika, jalaran kawula sami nglampahi dosa;wiwit rumiyin kawula sami mbalela dhumateng Paduka.
6 Margi saking makaten kawula sadaya punika kadosdene tiyang ingkang najissaha sakathahing kamursidan kawula punika kadosdene lawon ingkang reged;kawula sadaya sami dados alum kados rontuwin sami sirna margi saking piawon kawulakados ron ingkang kasirnakaken ing angin.
7 Boten wonten ingkang nyebut asma Padukautawi ingkang lajeng gumregah nggondheli Paduka;amargi Paduka ngaling-alingi wadana Paduka dhateng kawula sadaya,saha ngulungaken kawula dhateng pangwaosing dosa kawula.
8 Nanging sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka punika Rama kawula sadaya!Kawula sadaya punika lempung dene Paduka ingkang mangun kawula,sarta kawula sadaya punika yasaning asta Paduka.
9 Dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos sanget-sanget anggen Paduka dukasaha mugi sampun ngantos kalajengaken anggen Paduka ngenget-enget dhumateng dosa!Mugi Paduka karsaa nguningani,bilih kawula sadaya punika umat Paduka.