17 “Awitdene lah Ingsun nitahake langit kang anyarlan bumi kang anyar;bab-bab kang biyen ora bakal dielingi maneh,lan ora bakal tuwuh maneh ing sajroning ati.
18 Nanging padha bungah-bungaha lan surak-surakamarga saka apa kang Suntitahake,awit lah Ingsun nitahake Yerusalem kalawan kebak kabungahantuwin para kang manggon ing kono kalawan kebak kasenengan.
19 Ingsun bakal surak-surak marga saka Yerusalem,sarta girang marga saka umatingSun;ing kono bakal ora keprungu maneh swaraning tangislan swaraning pasambat.
20 Ing kono ora bakal ana bayi maneh kang umure mung sawatara dinautawa wong tuwa kang ora tutug umure,sabab wong kang matine umur satus taun iku bakal dianggep isih enom,lan sapa kang umure ora nganti satus taunbakal dianggep kena ing ipat-ipat.
21 Bakal padha ngadegake omah lan iya banjur dienggoni;bakal padha nandur anggur ana ing kebonlan iya banjur padha mangan wohe.
22 Ora bakal padha ngedegke apa-apa, kang banjur dienggoni ing wong liya,lan ora bakal padha nenandur,kang wohe banjur dipangan wong liya;amarga umure umatingSun iku bakal padha karo umuring wit-witan,tuwin para pepilihaningSun bakal padha ngrasakake nikmating gegaweane tangane.
23 Anggone padha nglakoni rekasa ora bakal tanpa gunatuwin ora bakal nglairake anak kang banjur mati dadakan,amarga padha turune wong kang diberkahi dening Pangeran Yehuwah,sarta anak-putune padha manggon tetunggalan ana ing kono.