20 Ing kono ora bakal ana bayi maneh kang umure mung sawatara dinautawa wong tuwa kang ora tutug umure,sabab wong kang matine umur satus taun iku bakal dianggep isih enom,lan sapa kang umure ora nganti satus taunbakal dianggep kena ing ipat-ipat.
21 Bakal padha ngadegake omah lan iya banjur dienggoni;bakal padha nandur anggur ana ing kebonlan iya banjur padha mangan wohe.
22 Ora bakal padha ngedegke apa-apa, kang banjur dienggoni ing wong liya,lan ora bakal padha nenandur,kang wohe banjur dipangan wong liya;amarga umure umatingSun iku bakal padha karo umuring wit-witan,tuwin para pepilihaningSun bakal padha ngrasakake nikmating gegaweane tangane.
23 Anggone padha nglakoni rekasa ora bakal tanpa gunatuwin ora bakal nglairake anak kang banjur mati dadakan,amarga padha turune wong kang diberkahi dening Pangeran Yehuwah,sarta anak-putune padha manggon tetunggalan ana ing kono.
24 Sarta bakal kelakon sadurunge padha sesambat,Ingsun wus paring wangsulan,nalika lagi padha munjuk,Ingsun wus midhangetake.
25 Asu ajag lan cempe bakal nyenggut bebarengan,singa bakal mangan dami kaya sapisarta ula uripe bakal saka lebu.Ora ana kang nglakoni piala utawa tumindak ora becik ana ing sawratane gunungingSun kang suci,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.