3 suku bangsa kang gawe gerahing panggalihingSuntansah ana ing ngarsaning paningalingSun,kalawan caos kurban ana ing patamanan-patamananing dewalan ngobong kurban ana ing dhuwur bata;
4 kang lungguh ing kuburan-kuburanlan nginep ana ing guwa-guwa;kang mangan daging babisarta kwaline isi duduh daging najis;
5 kang celathu: “Ngedoha kana, aja ndemok aku,mundhak dadi suci marga saka aku!”Kabeh iki kaya pega kang lumebu ing grananingSun,kaya geni kang murub sadina muput.
6 Lah ing ngarsaningSun wus ana tulisan mangkene:Ingsun ora bakal kendel bae,Ingsun malah bakal ndhawahake piwales,piwales marang para wong iku,
7 marga saka kaluputane wong-wong iku dhewe, lan kaluputane para leluhure,kabeh iku bareng, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.Amarga wus padha ngobong kurban ana ing gunung-gununglan nenacad Ingsun ana ing tengger-tengger.Ingsun pancen bakal naker ana ing jubahepituwasing panggawe-panggawene kang biyen!
8 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:“Kayadene tembunge wong manawa ing dhompolan anggur isih ana banyune:iku aja dirusak,sabab ing jerone isih ana berkahe!mangkono uga Ingsun bakal tumandang marga saka para abdiningSun,yaiku wong-wong iku ora kabeh Sunsirnakake.
9 Ingsun bakal nukulake turun saka Yakub,lan wong saka Yehuda kang bakal maris gunung-gunungingSun;wong-wong pepilihaningSun kang bakal tampa iku sarta para abdiningSun kang bakal manggon ing kono.