Yesaya 66:1-5 JAV

1 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:Langit iku dhamparingSunlan bumi iku ancik-anciking sampeyaningSun;sira arep padha ngedegake padaleman apa kagem Ingsun,sarta panggonan apa kang bakal dadi palerebaningSun?

2 Apa dudu astaningSun kang karya iku kabeh,satemah kabeh iki banjur ana?,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.Nanging kang Sunpirsani iku wong-wong iki:wong kang katindhes lan kang lemes semangatelan kang gumeter awit saka pangandikaningSun.

3 Wong nyembeleh sapi lanang, nanging uga mateni manungsa,wong ngurbanake wedhus, nanaging iya nugel gulune asu,wong caos kurban dhaharan, nanging iya nyaosake getih babi,wong nyaosake menyan, nanging uga memuja marang brahala.Mulane: Kayadene anggone padha luwih seneng marang dalane dhewe,lan nyawane seneng marang dewaning kaninsthan,

4 mangkono uga Ingsun iya luwih remen tumindak sawenang-wenang marang para wong ikutuwin nekakake marang wong-wong mau apa kang ndadekake wedine;amarga manawa Ingsun nimbali,ora ana kang ngaturake wangsulan,manawa Ingsun ngandika,ora padha ngrungokake,nanging padha nglakoni kang ala ana ing paningalingSunsarta luwih seneng marang apa kang ora dadi karsaningSun.

5 Ngrungokna pangandikaning Sang Yehuwah,kowe kang padha gumeter marga saka pangandikane!Para sadulurira, kang padha sengit marang sira,kang padha nyebratake sira,awit sira padha ngajeni asmaningSun,iku wus padha celathu: “Pangeran Yehuwah kareben ngatingalake kamulyane,supaya aku padha nyumurupi kabungahanmu!”Nanging wong iku dhewe kang padha kawirangan.