10 Padha bungah-bungaha bebarengan karo Yerusalem, lan surak-suraka marga saka Yerusalem,he sakehe wong kang padha tresna karo kutha iki!Padha giyak-giyaka bebarengan sakatogira,he sakehe wong kang padha prihatin marga saka kutha iku!,
11 supaya kowe padha nusu nganti waregmarang susu kang nyegerake kowe kabeh,supaya kowe padha nusu lan ngrasakake nikmate susune kang kebak.
12 Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:Lah Ingsun ngilekake menyang ing kutha ikukarahayon kayadene kali,tuwin kasugihane para bangsakayadene kali kang luber;sira bakal padha nusu, bakal digendhong,bakal diuthun-uthun ana ing pangkon.
13 Kayadene wong kang dilipur dening biyunge,iya kaya mangkono anggoningSuniki bakal nglipur sira kabeh;sira bakal padha dilipur ana ing Yerusalem.
14 Manawa sira padha nyumurupi kang mangkono iku, atinira bakal bungah,sarta sira bakal padha kaya suket enom kang seger thukule;astaning Yehuwah banjur bakal kelair marang para abdine,sarta bebendune marang para satrune.
15 Sabab lah Sang Yehuwah bakal rawuh kalawan geni,tuwin kreta-kretane bakal kaya lesus,prelu ndhawahake bebendune kang mulad-muladlan dedukane kang murub mangalad-alad.
16 Awit Pangeran Yehuwah bakal ngukum kabeh kang uripkalawan geni lan kalawan pedhange,lan wong-wong kang padha pinatenan dening Sang Yehuwahiku bakal akeh cacahe.