21 Panunggalane iku ana kang bakal Sunpundhut Sundadekake imam lan wong Lewi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
22 Sabab padha kaya langit kang anyar lan bumi kang anyarkang bakal Suntitahake iku,tetep dumunung ana ing ngarsaningSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah,mangkono uga turunira lan jenengira bakal lestari.
23 Sasi gumanti sasi,lan Sabat gumanti Sabat,umat manungsa kabeh bakal padha sowan sujud nyembah ana ing ngarsaningSun,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
24 Iku bakal padha metu lan padha ndelengjisime wong-wong kang wus padha mbalela marang Ingsun.Set-sete ora bakal padha mati,lan genine ora bakal sirep,kabeh iku bakal dadi wewujudan kang nggegilanitumrap kabeh kang urip.