14 Awit saking punika Pangeran piyambak ingkang badhe paring pratandha dhumateng panjenengan dalem: Lah Sang Kenya badhe nggarbini saha badhe mbabar putra kakung sarta badhe ngasmakaken putranipun wau Imanuel.
15 Panjenenganipun badhe dhahar kaniling susu tuwin maben ngantos saged nampik ingkang awon saha milih ingkang sae,
16 awit saderengipun putra wau saged nampik ingkang awon tuwin milih ingkang sae, nagari ingkang ratunipun kekalih panjenengan dalem ajrihi punika badhe katilar suwung.
17 Pangeran Yehuwah badhe ndhatengaken dhumateng panjenengan dalem lan dhumateng kawula dalem sarta dhumateng kulawarga dalem dinten-dinten ingkang dereng nate wonten wiwit nalika Efraim nebihi Yehuda -- inggih punika ratu ing Asyur.”
18 Ing dinten wau badhe kelampahan:Pangeran Yehuwah singsot nimbali laleringkang wonten sungapaning pangpangipun benawi Nil,saha nimbali tawon ing tanah Asyur.
19 Punika sadaya badhe dhateng tuwin mencok ing lembah-lembah ingkang sungilsaha ing lowah-lowahing redi-redi parang,ing sakathahing pager erisarta ing sakathahing pangenan.
20 Ing dinten punika Pangeran badhe nyukur sirah tuwin rambuting pupu kalayan lading panyukuran ingkang dipun sambut saking sabranganing benawi Efrat, inggih punika ratu ing Asyur; malah lading wau inggih badhe nyukur jenggot pisan ngantos pandhes.