2 Banjur ana kang ngaturi pawarta marang tedhake Sang Prabu Dawud mangkene: “Aram sampun kekemah wonten ing wilayah Efraim,” ing kono panggalihe Sang Prabu Akhas lan atine para kawulane padha gumeter kaya hiyad-hiyuding wit-witan ing alas kang katempuh ing angin.
3 Sang Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Yesaya: “Sira mangkata nemonana Akhas, sira lan Syear Yasyub, anakira lanang, menyang ing wekasane ilen-ilening blumbang ndhuwur, menyang ing dalan gedhe ing ara-ara Tukang Penatu,
4 lan matura mangkene: Panggalih dalem ingkang teteg tuwin ingkang tetep ayem, sampun ajrih, sarta panggalih dalem sampun ngantos gumeter awit saking tegesan kajeng bong kalih ingkang kumelun punika, punika mulad-mulading nepsunipun Rezin tuwin Aram saha anakipun Remalya.
5 Ing sarehne Aram lan Efraim kaliyan anakipun Remalya sampun sami ngrancang badhe nandukaken piawon dhumateng panjenengan dalem, kalayan tembungipun:
6 Ayo padha nempuh Yehuda lan padha diweden-wedeni sarta dirayud, anake Tabeel nuli diangkat dadi ratu ana ing satengahe,
7 milanipun pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten:Iku ora bakal kelakon,lan ora bakal kedadean,
8 sabab Damsyik iku ibu-kotaning Aram,lan Rezin iku sesirahe Damsyik.Ing sajrone sawidak lima taunEfraim bakal pecah ora dadi bangsa maneh.