9 Lan Samaria iku ibu-kotane Efraim,sarta anake Remalya iku sesirahe Samaria.Manawa sira padha ora pracaya,sira ora bakal padha tulus santosa.”
10 Sang yehuwah nglajengake pangandikane marang Sang Prabu Akhas, mangkene:
11 “Sira nyuwuna sawijining pratandha marang Sang Yehuwah Gusti Allahira, sanadyan iku saka ing jagading wong mati kang ana ing ngisor dhewe utawa saka ing panggonan kang dhuwur dhewe, kang ana ing ngaluhur.”
12 Nanging unjuke Sang Prabu Akhas: “Kawula boten purun nyuwun, kawula boten purun nyobi dhumateng Sang Yehuwah.”
13 Nabi Yesaya nuli matur: “Dhuh tedhakipun Sang Prabu Dawud, mugi sami karsaa midhangetaken! Punapa dereng cekap panjenengan dalem sami damel sayahipun tiyang, ngantos panjenengan dalem ugi damel sayahipun Gusti Allah kawula?
14 Awit saking punika Pangeran piyambak ingkang badhe paring pratandha dhumateng panjenengan dalem: Lah Sang Kenya badhe nggarbini saha badhe mbabar putra kakung sarta badhe ngasmakaken putranipun wau Imanuel.
15 Panjenenganipun badhe dhahar kaniling susu tuwin maben ngantos saged nampik ingkang awon saha milih ingkang sae,