20 “Ngupayaa piwulang lan paseksen!” Sing sapa celathu ora mangkono iku ora kaplethekan bangbang wetan.
21 Iku bakal padha nglembara ana ing nagara kono, mlarat lan keluwen, tuwin manawa padha keluwen, banjur padha nepsu lan bakal padha ngipat-ipati rajane lan allahe; bakal padha tumenga ing langit,
22 sarta bakal ndeleng marang ing bumi, lah kang ana mung karupekan lan pepeteng, pamilaraning kaanan surem, lan bakal padha kabuwang marang ing pepeteng kang ndhedhet.
23 Nanging nagara kang rinupek iku ora bakal katempuh ing kaanan surem ing salawase. Manawa biyen Sang Yehuwah ngesorake tanah Zebulon lan tanah Naftali, besuk Panjenengane bakal mulyakake dalan menyang ing sagara, wilayah ing sabrangane bengawan Yarden, wewengkoning bangsa-bangsa liya.