1 Sang Teofilus, ing serat kula ingkang kapisan, kula nyariyosaken sadaya pakaryan lan piwulangipun Gusti Yesus,
2 ngantos dumugi ing dinten anggenipun kasengkakaken. Saderengipun Panjenenganipun sampun paring dhawuh lumantar Sang Roh Suci dhateng para rasul pepilihanipun.
3 Sareng sampun rampung anggenipun nandhang sangsara, Panjenenganipun lajeng ngatingal dhateng para rasul wau, sarta kalayan pratandha kathah paring bukti, bilih Panjenenganipun gesang. Amargi ngantos kawan dasa dinten laminipun anggenipun wongsal-wangsul ngatingal saha wawan pangandika bab Kratoning Allah kaliyan para rasul wau.
4 Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus dhahar bebarengan karo para rasul, iku padha ora diparengake ninggal kutha Yerusalem, sarta padha didhawuhi ana ing kono, ngenteni janjine Sang Rama, kang -- mangkene pangandikane -- “wis padha kokrungu saka Aku.
5 Sabab Yokanan iku anggone mbaptis nganggo banyu, nanging ora suwe maneh kowe bakal padha kabaptis kalawan Roh Suci.”