13 Satekane ing kutha, nuli padha munggah menyang kamar ing dhuwur, kang dipondhoki, yaiku: Petrus lan Yokanan, Yakobus lan Andreas, Filipus lan Tomas, Bartolomeus lan Mateus, Yakobus anake Alfeus, lan Simon wong Zelot sarta Yudas anake Yakobus.
14 Kabeh padha saiyeg anggone mempeng ing pandonga, bebarengan karo wanita sawatara sarta ibu Maryam, kang ibune Gusti Yesus, tuwin para sadhereke Gusti Yesus.
15 Ing nalika samana Rasul Petrus banjur jumeneng ana ing satengahe para sadulur, kang lagi padha nglumpuk, cacahe watara satus rong puluh, sarta ngandika:
16 “He, para sadulur, pangandika ing Kitab Suci, kang kalairake dening Sang Roh Suci lumantar Sang Prabu Dawud, iku kudu kayektenan, yaiku bab Yudas, kang dadi pangiride wong-wong kang nyekel Gusti Yesus.
17 Maune iku klebu etung ana ing golonganku kabeh sarta melu nindakake bubuhan leladi iki.
18 Yudas iku wus tuku palemahan sarana opahing pialane, banjur tiba kerungkeb, wetenge bedhah, nganti jeroane metu kabeh.
19 Bab iku kasumurupan ing wong sa-Yerusalem kabeh, mulane palemahan mau banjur diarani nganggo basane wong-wong mau dhewe: “Hakal-Dama”, tegese Tanah-Getih.