3 Sareng sampun rampung anggenipun nandhang sangsara, Panjenenganipun lajeng ngatingal dhateng para rasul wau, sarta kalayan pratandha kathah paring bukti, bilih Panjenenganipun gesang. Amargi ngantos kawan dasa dinten laminipun anggenipun wongsal-wangsul ngatingal saha wawan pangandika bab Kratoning Allah kaliyan para rasul wau.
4 Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus dhahar bebarengan karo para rasul, iku padha ora diparengake ninggal kutha Yerusalem, sarta padha didhawuhi ana ing kono, ngenteni janjine Sang Rama, kang -- mangkene pangandikane -- “wis padha kokrungu saka Aku.
5 Sabab Yokanan iku anggone mbaptis nganggo banyu, nanging ora suwe maneh kowe bakal padha kabaptis kalawan Roh Suci.”
6 Para rasul kang padha kumpul iku nuli matur pitakon: “Gusti, punapa sapunika anggen Paduka badhe mulihaken karajan kangge Israel?”
7 Paring wangsulane: “Kowe ora prelu nyumurupi mangsa lan wektu, kang katamtokake dening Sang Rama piyambak, manut panguwaose.
8 Nanging kowe bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.”
9 Sawuse ngandika mangkono, Panjenengane nuli sinengkakake, sineksen dening para rasul, banjur wis ora katingal, amarga kaaling-alingan mega.