34 Rasul Petrus banjur medhar pangandika mangkene: “Kula sampun saestu mangretos, bilih Gusti Allah boten mbedak-mbedakaken tiyang.
35 Saben tiyang ingkang kagolong bangsa punapa kemawon, ingkang ngabekti dhateng Pangeran saha ingkang nindakaken kaleresan, punika ndadosaken ing keparengipun Gusti Allah.
36 Pangandika ingkang supados kadhawuhaken dhateng tiyang-tiyang Israel, inggih punika pangandika ingkang martosaken bab tentrem-rahayu dening Gusti Yesus Kristus ingkang jumeneng dados Gustinipun sadaya tiyang.
37 Panjenengan sadaya sampun nguningani samukawis ingkang sampun kelampahan wonten ing saindenging tanah Yudea wiwit saking ing tanah Galilea, sasampunipun baptisan ingkang kaundhangaken dening Nabi Yokanan,
38 inggih punika bab Gusti Yesus saking Nasaret: anggenipun jinebadan dening Gusti Allah kalawan Roh Suci saha kasekten, Panjenenganipun ingkang tindak mider-mider kalayan nindakaken kasaenan sarta nyarasaken sadaya tiyang ingkang kawasesa dening Iblis, amargi Gusti Allah nunggil kalayan Panjenenganipun.
39 Wondene kula sadaya punapa sami dados seksi tumrap sadaya ingkang dipun tindakaken wonten ing tanah Yudea saha ing Yerusalem; wasana lajeng kasedanan dening tiyang-tiyang sarana kagantung ing kajeng salib.
40 Ing tigang dintenipun Gusti Yesus punika dipun wungokaken dening Gusti Allah saha sampun dados keparenging Allah, bilih Panjenenganipun lajeng ngatingal,