Lelakone Para Rasul 10:38-44 JAV

38 inggih punika bab Gusti Yesus saking Nasaret: anggenipun jinebadan dening Gusti Allah kalawan Roh Suci saha kasekten, Panjenenganipun ingkang tindak mider-mider kalayan nindakaken kasaenan sarta nyarasaken sadaya tiyang ingkang kawasesa dening Iblis, amargi Gusti Allah nunggil kalayan Panjenenganipun.

39 Wondene kula sadaya punapa sami dados seksi tumrap sadaya ingkang dipun tindakaken wonten ing tanah Yudea saha ing Yerusalem; wasana lajeng kasedanan dening tiyang-tiyang sarana kagantung ing kajeng salib.

40 Ing tigang dintenipun Gusti Yesus punika dipun wungokaken dening Gusti Allah saha sampun dados keparenging Allah, bilih Panjenenganipun lajeng ngatingal,

41 boten dhateng tiyang sabangsa sadaya, nanging dhateng para seksi, ingkang saderengipun sampun tinuding dening Gusti Allah, inggih punika dhateng kula sadaya ingkang sampun ndherek nedha lan ngombe kaliyan Panjenenganipun, sasampunipun Panjenenganipun wungu saking antawisipun tiyang pejah.

42 Punapadene Panjenenganipun sampun paring bebahan dhateng kula sadaya, martosaken dhateng sabangsa sadaya saha dados paseksi, bilih inggih Panjenenganipun punika ingkang pinasthi dening Gusti Allah dados Hakim tumrap tiyang ingkang gesang saha ingkang pejah.

43 Inggih Panjenenganipun punika ingkang dipun sekseni para nabi sadaya, bilih sinten ingkang pitados dhateng Panjenenganipun, badhe tampi pangapuntening dosa margi saking asmanipun.”

44 Nalika Rasul Petrus lagi ngandika mangkono iku, kabeh wong kang ngrungokake pangandika padha katedhakan ing Roh Suci.