1 Para rasul lan sadulur-sadulur ing tanah Yudea padha krungu, yen bangsa=bangsa liya uga nampani pangandikaning Allah.
2 Bareng Rasul Petrus rawuh ing Yerusalem wong-wong golongan tetakan padha padudon karo panjenengane,
3 pangucape: “Panjenengan sampun lumebet ing griyanipun tiyang-tiyang ingkang boten tetak saha dhahar sesarengan kaliyan tiyang-tiyang wau.”
4 Nanging Rasul Petrus banjur nerangake samubarang kabeh kanthi urut, pangandikane: