10 Bab punika kalampahan ngantos kaping tiga, sadayanipun nunten kainggahaken malih dhateng langit.
11 Sanalika punika ugi lajeng wonten tiyang tiga ingkang ngadeg ing sangajenging griya, ingkang ngadeg ing sangajenging griya, ingkang kula pondhoki; tiyang-tiyang wau dipun kengken saking Kaisarea murugi kula.
12 Kula nunten dipun pangandikani dening Roh: Mangkata bebarengan karo wong-wong iku lan aja mangu-mangu! Sadherek nenem punika tumut. Sareng kula lumebet ing griyanipun tiyang wau
13 tiyang punika tumunten nyariyosaken dhateng kula sadaya anggenipun sumerep malaekat jumeneng ing griyanipun saha ngandika dhateng piyambakipun: Kongkonana wong menyang Yope methuk Simon kang apeparab Petrus.
14 Iku bakal aweh pawarta marang kowe, kang bakal nekakake karahayon tumrap kowe dalah sabrayatmu kabeh.
15 Sareng kula wiwit wicanten, tiyang-tiyang wau lajeng sami katedhakan ing Roh Suci, sami kadosdene kita kala rumiyin.
16 Kula nunten kengetan dhateng pangandikaning Pangeran: Yokanan mbaptis nganggo banyu, nanging sira kabeh bakal kabaptis kalawan Roh Suci.