2 Bareng Rasul Petrus rawuh ing Yerusalem wong-wong golongan tetakan padha padudon karo panjenengane,
3 pangucape: “Panjenengan sampun lumebet ing griyanipun tiyang-tiyang ingkang boten tetak saha dhahar sesarengan kaliyan tiyang-tiyang wau.”
4 Nanging Rasul Petrus banjur nerangake samubarang kabeh kanthi urut, pangandikane:
5 “Kula saweg ndedonga wonten ing kitha Yope, dumadakan roh kula kalimputan ing panguwaosipun Gusti Allah, kula lajeng sumerep rerupen: wonten barang ingkang awujud lawon wiyar, gumantung ing poncotipun sakawan kaandhapaken saking langit ngantos dumugi ing ngajeng kula.
6 Sareng kula tamataken, kula sumerep sawarnining kewan wonten ing lebetipun, kewan asuku sakawan, kewan wanan, kewan rumangkang saha peksi-peksi.
7 Kula lajeng mireng swara ingkang ngandika dhateng kula: Ngadega, heh, Petrus, nyembeleha lan mangana!
8 Nanging kula matur: Boten, Gusti, boten, amargi dereng nate wonten barang ingkang karam utawi ingkang boten resik, ingkang lumebet ing cangkem kawula.