21 Astaning Pangeran nunggil karo wong-wong mau, satemah akeh wong kang manjing pracaya sarta padha mratobat marang Gusti.
22 Pawarta bab wong-wong mau keprungu dening pasamuwan ing Yerusalem; Barnabas banjur kautus dening pasamuwan menyang ing Antiokhia.
23 Bareng wis tekan ing kono lan nyumurupi sih-rahmating Allah, Barnabas bungah sarta mituturi marang wong-wong mau, supaya padha tetep setya marang Gusti,
24 awit Barnabas iku wong becik, kapenuhan ing Roh Suci lan pracaya. Ana wong akeh kang padha kawuwuhake ing pasamuwane Gusti.
25 Barnabas banjur menyang ing kutha Tarsus nggoleki Saulus. Bareng wis ketemu tumuli diajak menyang ing Antiokhia,
26 sarta padha tetunggalan karo pasamuwan nganti sataun lawase, sinambi memulang marang wong akeh. Ana ing Antiokhia kono para siswa anggone wiwit padha kasebut Kristen.
27 Nalika samana ana nabi sawatara kang rawuh ing kutha Antiokhia saka ing Yerusalem.