5 “Kula saweg ndedonga wonten ing kitha Yope, dumadakan roh kula kalimputan ing panguwaosipun Gusti Allah, kula lajeng sumerep rerupen: wonten barang ingkang awujud lawon wiyar, gumantung ing poncotipun sakawan kaandhapaken saking langit ngantos dumugi ing ngajeng kula.
6 Sareng kula tamataken, kula sumerep sawarnining kewan wonten ing lebetipun, kewan asuku sakawan, kewan wanan, kewan rumangkang saha peksi-peksi.
7 Kula lajeng mireng swara ingkang ngandika dhateng kula: Ngadega, heh, Petrus, nyembeleha lan mangana!
8 Nanging kula matur: Boten, Gusti, boten, amargi dereng nate wonten barang ingkang karam utawi ingkang boten resik, ingkang lumebet ing cangkem kawula.
9 Ewadene swara saking swarga wau lajeng ngandika dhateng kula ingkang kaping kalihipun: Apa kang kapangandikakake dening Allah, yen iku kalal, aja kokarani karam!
10 Bab punika kalampahan ngantos kaping tiga, sadayanipun nunten kainggahaken malih dhateng langit.
11 Sanalika punika ugi lajeng wonten tiyang tiga ingkang ngadeg ing sangajenging griya, ingkang ngadeg ing sangajenging griya, ingkang kula pondhoki; tiyang-tiyang wau dipun kengken saking Kaisarea murugi kula.