1 Ing nalika iku pasamuwan ing Antiokhia ana nabi lan guru sawatara, yaiku: Barnabas lan Simeon kang karan Niger, lan Lukius wong Kirene, sarta Menahen, palihane Sang Nata-wilayah Herodhes lan Saulus.
2 Ing sawijining dina, nalika lagi padha nindakake pangibadah marang Gusti sarta puwasa, Roh Suci ngandika: “Ingsun pijekna Barnabas lan Saulus, supaya padha nglakonana ayahan, kang wus Suntemtokake tumrap karone.”
3 Mulane banjur padha puwasa lan ndedonga, sarta sawise ditumpangi tangan, karone padha dililani mangkat.
4 Sakarone, kang padha kautus dening Sang Roh Suci iku, nuli tindak menyang ing palabuhan Seleukia; saka ing kono padha layar menyang ing pulo Siprus.
5 Bareng wis rawuh ing kutha Salamis, banjur padha martosake pangandikaning Allah ana ing papan-papan pangibadahe wong Yahudi, sarta Yokakan ndherekake minangka pambantu.
6 Nuli padha ndlajahi pulo mau kabeh, nganti tekan ing kutha Pafos; ana ing kono nrenjuhi sawijining wong Yahudi, jenenge Baryesus. Iku dadi tukang sikir lan nabi palsu,
7 apamaneh dadi mitrane kang jumeneng gupernur ing pulo kono, priyagung kang lantip, asmane Sergius Paulus. Gupernur iku nimbali Rasul Barnabas lan Saulus sabab kapengin mirengake pangandikaning Allah.