12 Ndeleng apa kang mentas kalakon iku, Sang Gupernur banjur pitados, sarta kagawokan marga saka piwulange Gusti iku.
13 Rasul Paulus sakanthine banjur tindak saka ing Pafos lan layar menyang ing kutha Perga ing tanah Pamfilia. Nanging Yokanan tumuli pamitan lan bali menyang ing Yerusalem.
14 Saka ing Perga padha nglajengake tindake menyang ing kutha Antiokhia ing Pisidhia. Bareng ing dina Sabat karone tindak menyang ing papan pangibadah, tumuli lenggah ana ing kono.
15 Sawise angger-anggering Toret lan kitabe para nabi kawaca, para punggawaning papan pangibadah padha kongkonan matur marang sakarone: “Para sadherek, bokbilih panjenengan sami kagungan pangandika minangka pambangun saha panglipur tumrap umat punika, sumangga kula aturi nglairaken.”
16 Rasul Paulus banjur jumeneng sarta sawise paring sasmita kalawan astane, nuli ngandika: “Para sadherek Israel saha para ingkang sami ngabekti ing Allah, kula aturi sami midhangetaken.
17 Allahipun bangsa Israel sampun milih leluhur kita, tuwin kadadosaken bangsa ingkang ageng, nalika dados tiyang neneka wonten ing tanah Mesir, tumunten kairid medal saking nagari wau dening Panjenenganipun kalayan astanipun ingkang luhur.
18 Salebetipun kawan dasa taun Panjenenganipun atindak sabar tumrap sadaya pratingkahipun wonten ing ara-ara-samun.